Kеluwеn, Bојоnе Sаntоѕо Pаѕrаh Bоngkоkаn

Sunday, October 2, 20160 comments

Keluwen, Bojone Santoso Pasrah Bongkokan Jumiatin alias Umu Delima, bojo kalorone pentholan teroris Santoso, pasrah bongkokan marang aparat keamanan, limang ndina sawise sing lanang tumekaning pati, Senen (18/7). Kapolda Sulawesi Tengah Brigjen Rudy Sufahriadi, Senen (25/7), ngandharake Delima kober mlayu mlebu alas sinambi manggul bedhil nalika Santoso dibrondong tembakan dening anggota TNI Angkatan Darat ing Desa Tambarana, Kabupaten Poso. Andhahane Santoso, Mucht ar, uga tiwas. Nalika kuwi Delima, bojone Muchtar lan bau kanane Santoso sing aran Basri, lolos saka panyikepane aparat. Miturut Rudy, Delima wekasane metu saka pandhelikane merga keluwen. Kejaba kuwi kahanane uga kurang lagi sehat. Delima mara menyang pos keamanan lan blaka menawa dheweke bojone Santoso. Wektu kuwi, ujare Rudy, kahanane Delima memelas. Awake gemeter merga saking luwene. Ndilalah ngepasi ana among tani sing mulih saka sawah. Bontrotane wong tani mau dijaluk lan diwenehake Delima. Sawise tenagane pulih, dening anggota TNI Delima banjur digawa menyang kutha Poso saperlu diupakara kesehatane. Rudy ngimbuhake, Delima ngakoni nyingidake senjata sing dipanggul rikala mlayu. Lan petugas lagi nggoleki dununge bedhil kasebut.
Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Pawarta Jawa - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger