Pawarta Basa Jawa "Pulisi Nangkep Provokator Kerusuhan Tanjung Balai"

Sunday, October 2, 20160 comments

Pulisi Nangkep Provokator Kerusuhan Tanjung Balai
  
Polda Metro Jaya, Selasa (2/8), nangkep Ahmad Tauflk, pawongan kang dinuga minangka provokatore kasus kerusuhan mambu-mambu SARA ing Tanjung Balai, Sumatera Utara, Setu (30/7). Kepala Bidang Humas Polda Metro Jaya Kombes Awi Setiyono nuturane, Taufik nulis “Tanjung Balai Medan Rusuh, 30 Juli 2016, 6 Vihara dibakar, buat Saudara Muslimku mari rapatkan barisan  kita buat tragedi 98 terulang kembali #Allahu Akbar.” lng akun facebook duweke. Miturut Awi, Taufik ngaku cuwa marang kahanan jalaran reregan padha mundhak. Rasa cuwa iku kalairake lumantar facebook mbarengi karo ontran-ontran ing Tanjung Balai.
 
Kerusuhan Tanjung Balai
Kerusuhan Tanjung Balai

Wondene kerusuhan ing Tanjungbalai iku dhewe kaslomot dening perkara corong mesjid kang ngumandhangake adzan Magrib. Sawehene warga aran M protes marang pengurus mesjid merga swara azan iku mbrebegi kupinge. Padudon iku sejatine wis sirep sawise disapih dening pulisi. Nanging dumadakan muncul kabar gethok tular sing ora cetha asale menawa mesjid ora diolehi ngumandhangake azan maneh. Warga kang kepangan isu mau banjur gumrudug ngrusak klentheng lan wihara. Kendharaan inventaris papan ibadah iku uga ora luput saka pangrusakan. Perusuh uga njarah isen-isening klentheng. Pulisi gerak cepet nangkepi wong-wong mau lan netepake tersangka cacah 15.
Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Pawarta Jawa - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger