Pawarta Basa Jawa "BNN Nglapurake Haris Azhar Marang Pulisi"

Sunday, October 2, 20160 comments

BNN Nglapurake Haris Azhar Marang Pulisi

Eksekusi mati marang kapidana cacah papat ing Pulo Nusakambangan pancen wis kelakon, Setu parak esuk (30/7). Ewadene buntut ukuman mati iku isih “panas.” Penyebabe, Ketua Komisi untuk Orang Hilang dan Korban Tindak Kekerasan (Kontras) Haris Azhar mbeberake pangakuwane Freddy Budiman, salah sijine napi sing ditembak mati. Miturut Haris, gembong narkoba iku kandha marang dheweke taun 2014 menawa wis menehi setoran sing gunggunge ora sithik marang pulisi, tentara lan Badan Narkotika Nasional (BNN). Kepara Freddy ngaku tau samobil karo jendral tentara bintang loro kawit saka Medan menyang Jakarta, saengga narkoba sing diangkut aman-aman wae.
BNN Nglapurake Haris Azhar Marang Pulisi
BNN Nglapurake Haris Azhar Marang Pulisi

Ora trima disendhu ala, BNN banjur nglapurake Haris menyang Badan Reserse Kriminal Polri kanthi tudingan wis nindakake “pencemaran nama baik” marang institusi negara. Kapolri Jendral Tito Karnavian uga sabela marang korps kapulisen. Mitur ut Tito katrangane Freddy marang Haris, upama temenan, sipate mung waton omong kanggo nginggati ukum pati. Karo maneh, ing persidhangan katrangane Freddy mencla-mencle. Tito wis nlusuri pengacarane Freddy, klebu dhokumen papriksan lan persidhangan, nanging siji wae ora tinemu keterangan bab aweh “upethi” marang aparat jejeging adil mau. Haris cuwa dene katrangane sing kudune  dadi dhasar pulisi kanggo mbirat aparat nakal, tundhone malah njiret awake dhewe.
Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Pawarta Jawa - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger